Menu

Mode Gelap
Ngaji Burdah Syarah Mbah Sholeh Darat (25) NU Peduli Bersama Kemenag Jepara Salurkan Bantuan Bagi Warga Dorang Belajar Dari Geomorfologi “Banjir” Eks Selat Muria, Mau Diapakan? Mbah Dimyathi: Jadi Wali Itu Mudah, Ngaji Lebih Sulit!! Ngaji Burdah syarah Mbah Sholeh Darat  ( 2 )

Khutbah · 23 Mei 2020 11:37 WIB ·

Khutbah Idul Fitri 1441 H : Keshalihan Ukhrowi Langkung Wigati (Bahasa Jawa)


 Khutbah Idul Fitri 1441 H : Keshalihan Ukhrowi Langkung Wigati (Bahasa Jawa) Perbesar

KHUTBAH PERTAMA

السلام عليكم ورحمة الله وبركاتو

Poro Jama’ah Idul Fitri ingkang minulyo.

Ngarsho dalem gusti Allah Subahanahu wata’ala anggonipun paring perintah dateng kitho sedoyo, supados kanti estu soho wigatos kitho saget nindakaken ngibadah siyam wulan Romadhon, mboten sanes gadah tujuan inggeh meniko supados kitho sedoyo sak mangke saget dados kawulo ingkang taqwa dateng gusti Allah.

Kewajiban taqwa meniko mboten ningali papan panggenan soho wekdal kedadosan, ten pundi kemawon utawi kapan kemawon kitho dipun sumprih taqwa dateng gusti Allah. Naliko manah remen utawi bahagia, kitho wajib taqwa. Manah susah soho rekoso, kitho njeh wajib taqwa. Sugeh bondo dunyo soho pinaringan lumintune arto, kitho wajib taqwa. Utawi ketepakan nembeh dipun uji kanti seretipun pangupo jiwo soho sanesipun, kitho njeh tetep nandang kewajiban taqwa dateng gusti Allah ta’ala.

Pramilo, kawulo wasiyat dateng pribadi soho dumateng panjenengan sami supados haningkataken kadar kualitas keimanan soho ketaqwaan kitho dumateng ngarso dalem Allah subhanahu wata’ala, kanti sak leres-leresipun taqwa soho sak estunipun iman. Sumonggo ketaqwaan kitho sami cepengi kanti wigati, sesarengan nyenyuwun mugiho gusti Allah paring dateng kitho gesang ten ngalam dunyo kanti istiqomah fi ‘ibadatillah. Insya Allah kitho sak mangke saget sowan dumateng ngarso dalem Allah kanti pinaringan husnul khotimah. Amin.

Poro Jama’ah Idul Fitri ingkang kawulo mulyaaken.

Sampun melampah kirang langkung kaleh wulan, kitho wonten sak lebetipun kahanan ingkang prihatin, dipun “karantina” kanti aturan soho batesan kagem sedoyo lampah kitho, ajeng mlebet masjid kedah steril kanti wisuh hand sanitizer soho semprotan disinfektan, ajeng ngelampahi sholat kanti jama’ah kedah shof ipun benggang setunggal meteran, medal saking griyo tindak wonten ing peken kedah maskeran, sesrawungan dipun batesi soho adat tradisi dipun lereni.

Sumonggo kitho lampahi sedoyo wau kanti kesabaran soho ketaqwaan, punopo ingkang kekalihipun sabar soho taqwa saget dados modal utawi kapital utami wonten ing wekdal tumibaning pageblug kados sak meniko. Taqwa injih meniko istiqomah nindakaken perintahipun gusti Allah soho nebihi sadanten awisan-awisanipun. Keranten kawulo ingkang teteg lan mantep wonten ing ketaqwaan, gusti Allah paring solusi utawi jawaban sedoyo permasalahan gesang kitho wonten ngalam dunyo, kalebet ugi perkawis pageblug kados sak meniko.


Gusti Allah paring kamulyan dumateng kawulonipun ingkang saget ngelampahi ujian lan cobaan kanti sabar soho taqwa, mboten syu’udzh dzhonn dateng pengeran, mboten wadul lan ngeluh dateng menungso liyan, mung nampi soho ngelmapahi sedoyo musibah kanti keyakinan, ketaqwaan soho kesabaran. Gusti Allah ugi bakal paring pangkat derajat paling nginggil tumprape poro Kanjeng Nabi lan kawulo ingkang sholeh, kanti dipun wiwiti cobaan soho ujian ingkang mboten enteng, sedoyo dipun lampahin poro Kanjeng Nabi soho tiyang sholeh kelawan sabar sabar lan sabar.

Sumonggo cubi panjenengan sami persani sesarengan dateng Kanjeng Nabi Yunus A.S., ingkang nandang rekahos peteng dedet ten lebetipun weteng Iwak Nun kirang langkung sekawan ndoso dinten. Al Hamdulillah bungah soho bahagia, medal saking weteng iwak panjenengapun dipapak umatipun ingkang sampun sami taubat.

Sak lajengipun, sumonggo kitho mersani dateng kanjeng Kanjeng Nabi Yusuf A.S. ingkang dipun lebetaken kerangkengan penjara, wujud ujian lan cobaan meniko dipun lampahi kanti sabar, taqwa, tetep mempeng ngibadah. Al Hamdulillah kanti bungah sumringah, panjenenganipun medal kerangkeng netepi pangkat Kanjeng Nabi soho dados rojo ing telatah Mesir.

Junjungan kitho kanjeng Kanjeng Nabi Mihammad Shollallahu ‘alaihi wa sallam, nebeh saking sanak keluarga, konco lan tonggo, ugi lingkungan masyarakatipun, sak perlu mlebet wonten jeronipun guwo Hiro ingkang alit soho katah gegremetan hayawan, ananging kanjeng Kanjeng Nabi tansah sabar soho tawakkal, netepi ketaqwaan kanti estunipun taqwa. Al Hamdulillah, medal saking lebetipun guwo Hiro panjenenganipun mbeto wahyu suci Al Qur’an, arupi sirat Al ‘Alaq ingkang saget dados rahmat kagem sedoho makhluk ten ngalam meniko.

Pramilo, sumonggo kitho tiru tindak lampah poro Kanjeng Nabi kolo wau, ingkang tansah sabar ngelampahi ujian lan cobo. Sahinggo kanti sumelehipun manah, kitho lampahi sedoho pakewuh lan rekahos wonten lebetipun pageblug meniko, mawi manah ingkang ikhlas, sabar ugi kitho landasi kanti ketaqwaan soho keyakinan iman. Mugiho ngarso dalem gusti Allah enggal mungkasi kawontenan musibah meniko, sahinggo medal saking kahanan pandemi meniko kitho tansah pikantuk maghfiroh utawi ampunan, soho mbeto kamulyan wonten ngarso dalem Allah subhanahu wata’ala. amin.

Poro Jama’ah Idul Fitri ingkang minulyo.

Estu dados bebingah ten sak lebetipun manah sarono sesarengan syukur kanti wahosan Al Hamdulillah, kitho sedoyo taseh saget pinanggeh dinten engkang katah barokah soho dipun kebaki mawi rahos paseduluran ugi rahoas kekhusyu’an, inggeh meniko dinten Idul Fitri.

Kitho sedoyo estu ngerahosaken bingah, bahagia, soho sumingrah keranten gusti Allah bakal paring piwales ganjaran dumateng kawulanipun ingkang purun nindaaken perintah siyam romadhon, arupi kaleh kebingahan. Kanjeng Nabi paring Dawuh: “Wonten kaleh kanikmatan bingah dipun paringaken dumateng tiyang ingkang siyam. Sepindah bingah keranten dinten meniko kitho estu dipun sumpreh buko, amargi dinten meniko siyam dipun awisi. Kebingahan ingkang langkung ageng bakal tumerus ngantos benjang wonten ing alam kelanggenan, arupi pepanggihan kaliyan ngarso dalem Allah Subahanhu wa ta’ala wonten saklebetipun suwargo”.

Jama’ah Idul Fitri Rohimakumullah.

Wonten ing dinten riyaden idhul fitri meniko, kitho aminangkani umat Islam kedah bersatu (ittihad) soho nebihi kawontenan rahos-rahos satru wonten lebetipun manah, dendam soho lintunipun, ananging sesarengan kitho kedah sami purun paring pangapunten. Keranten wonten ing wulan romadhon wingi kategesaken wulan maghfiroh utawi wulan ampunan. Romadhon sampun maringi pangertosan dumateng kitho supados gampil anggone paring pangapunten. Menawi gusti Allah meniko Dzat ingkang moho ngapunten, tentu sak mestinipun menawi kitho ugi saget ngapunten dateng sedereksederek kitho sesami umat Islam, poro sedulur, ugi dateng poro tetanggi.

Sampun sak mestinipun bilih antawisipun tiyang Islam kedah dukung-mendukung soho bantu-membantu wonten ing babakan kesahenan. Sahe meniko perkawis ingkang gegayutan kaliyan urusan dunyo utawi ugi urusan agami Islam. Sebab gusti Allah benjang wonten ing dinten kiyamat bade paring bantuan dumateng kawulonipun ingkang sami purun nindakaken perintahipun arikalo gesang wonten ing ngalam dunyo. Inggeh meniko benjang ing dinten kiyamat, dinten ingkang mboten wonten iyup-iyupan, mboten wonten pitulungan, kejawi ngarsho dalem Allah subhanahu wata’ala

Allahu Akbar Allahu Akbar Allahu Akbar Walillahilhamd….

Sayogjonipun, umat Islam saget dados persasat satunggaling bangunan ingkah kokoh soho kiat. Pasederekan antawis tiyang Islam setunggal soho setunggalipun lir kadyo badan utawi awak, menawi setunggal anggota badan wonten ingkang sakit mongko sedoyo badan nderek ngrahosaken sakit. Sak lajengipun, gusti Allah soho kanjeng Nabi sampun paring perintah dateng kitho, supados kitho nutupi cacat aibipun utawi celanipun sederek-sederek kitho. Menawi kitho nutupi dateng awonipun utawi cact aibipun sesami, benjang wonten ing dinten kiyamat Allah badhe nutupi aib kitho ateges gusti Allah bade paring pangapunten. Sayogjanipun ugi kitho nglindungi lan ambiantu dateng sederek kitho ingkang lemah, supados benjeng wonten akhirot Allah ugi nglindungi dateng kitho. Dhawuhipun kanjeng nabi: “Sinten kemawon inking purun nutupi aib cacatipun sederek Islam lintunipun, mongko gusti Allah bakal nutupi aib cacatipun ten dunyo lan akhirat”

Jama’ah Idul Fitri Rohimakumullah.

Saklajengipun, Islam niku nganjuraken supados kitho meniko kagungan akhlak ingkang mulyo, Kanjeng Nabi dawuh: “Panjengan sami dipun sumpreh taqwa wonten ing pundi kemawon”. Lajeng Kanjeng Nabi dipun tangkleti punopo ingkang ndadosaken manunso saget mlebet suwarg, Kanjeng Nabi dawuh “Taqwa dumateng Allah soho sahe akhlakipun” Kanjeng Nabi ugi dipun tangkleti maleh punopo ingkang saget ndadosaken manungso mlebet neroko. Kanjeng Nabi dawuh inggih meniko tutuk lan farji (kemaluan). Estu Kanjeng Nabi ngutamakaken babakan akhlak. “Saktemene Kanjeng Nabi Muhammad mboten ddipun utus kejawi kagem nyampurnaaken luhure budi pekerti.” (HR Ahmad). Pramilo, kitho aminangkani tiyang Islam kedah tansah membina akhlakul karimah.

Jamaah Idul Fitri Rohimakumullah.

Kitho sak meniko posisinipun gesang wonten ing ngalam ndonyo, ananging gegayutan kaliyan babakan gesang ing ngalam ndonyo meniko kitho dipun sumpreh supados mboten mligi ngutamakaken dateng urusan donyo. Allah paring peringatan dumateng kitho: َ

“Ampun sami mersani dateng peparing ingsun marang tiyang-tiyang kafir ingkang warniwarni. Sumuropo, bilih sedoyo niku hanamung cecobo dateng tiyang-tiyang kafir. Wondene rizkinipun gusti Allah awujud suwargo niku langkung becik soho langgeng abadi.” (QS Thoha: 131).
Pepenget saking gusti Allah meniko kedah kitho perhatosaken supados kitho meniko mboten mligi mentingaken dunyo. Puno mawon diukur kanthi materi utawi bondho, sahinggo tiyang dipun anggep sukses menawi bondonipun katah aliyas sugih mblegedu. Ukuran sukses meniko estu sanes saking Al Qur’an soho Al Hadis.

Jama’ah Idul Fitri Rohimakumullah.

Ukuran sukses ingkang mligi bondo dunyo kadosipun nderek ukuranipun Qorun utawi malah Fir’aun, padahal kesuksesan ingkang sejati inggih meniko kesuksesan akhirat sanes ndonyo. Sukses ingkang sampun sumebar soho dipun ugemi katah-katahe tiyang, inggih meniko mboten tebih saking akehe bondo, jabatan, putro-putro bertitel, mantune sugih lan bertitel lan sakpiturutipun. Sedoyo sarwo bendawi. Niku mirip kaliyan suksesipun Qorun lan tiyang-tiyang ingkang sarujuk. Kitho ugi merhatosaken pangertosan sukses menggah Fir’aun inggih meniko, tumindak ingkang wantun ngalalaken sedoyo coro supados kekuasaane langgeng piyambake ngerahaken dukun sihir. Sukses Fir’aun meniko mboten mikiraken akhirot nopo malih mikiraken doso songko coro-caranipun. Gusti Allah sampun dawuhaken:

“Saktemene tiyang ingkang sami sowan dumateng ngarso dalem Allah kanti mbetho doso kekafiran, meniko pikantuk piwales awujud neroko jahanam ingkang sak lebetipun meniko mboten wonten rahos gesang utawi rahos pejah.” (QS Thaha: 74).

Jama’ah Idul Fitri Rohimakumullah.

Sak lajengipun, kawestanan tiyang sukses inggeh meniko tiyang ingkang saget netepi dawuhipun gusti Allah wonten ing surah Al mukminun ayat setunggal dumugi ayat sewelas. Tiyang sukses inggeh meniko tiyang ingkang netepi iman wonten ing manahipun, tiyang ingkang khusyu’ anggone sholatipun, tiyang ingkang nebehi tumindak kang mboten maedahi kagem agami lan dunyonipun, tiyang ingkang purun ngedalaken zakatipun, tiyang ingkang saget jagi farjinipun kejawi dateng garwo halalipun, tiyang ingkang saguh netepi amanah soho janjinipun, ingkang terakhir inggeh meniko tiyang ingkang saget ajeg soho teteg njagi sholatipun.

Bilih kawulo utawi panjenengan sami saget netepi punopo ingkang kasebat dawuh Al Qur’an kolo wau, estu bakal dados ahli warisipun kanjeng Nabi ingkang bakal pikantuk bebungah ganjaran suwargo Firdaus, soho bakal langgeng wonten ing sak lebetipun. Pramilo, sukses menggah dawuh gusti Allah wonten surah Al mukminun wau, inggeh meniko tumindakipun tiyang Islam ingkang estu saget njagi aturan manhajipun gusti Allah, saget nebihi sedoyo awisan-awisanipun gusti Allah, kanti manah ingkang ikhlas kanti tafa’ulan nderek dawuh perintahipun gusti Allah Subhanahu wata’ala soho nderek tindak lampahipun kanjeng Nabi Muhammad Shollallahu ‘alaihi wa sallam.

Mugiho kitho ing dinten idul fitri meniko saget berhaluan soho berpemikiran maju, saget ngerubah pandangan hidup kitho dados langkung ngutamakaken akhirat ketimbang donyo. Mugiho gusti Allah dadosaken kitho umat ingkang berjaya, Mugihogusti Allah manggihaken dateng kitho benjang wonten akhirot ing dalem suasono ingkang ngremenaken lan mugi kitho kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang bekjo pikantuk rohmat lan nikmatipun Allah Subhanahu wata’ala . Amin Ya Rabbal Alamin

 

—– duduk sebentar dan berdiri untuk khutbah kedua —–

KHUTBAH KEDUA
—– Baca Takbir 7 Kali —–

Khutbah Idul Fitri dari Pengurus Ranting Nahdhatul Ulama Jambu Timur Mlonggo Jepara

Artikel ini telah dibaca 724 kali

badge-check

Penulis

Baca Lainnya

Bolehkah Berkurban Atas Nama Anggota Keluarga yang Sudah Meninggal???

27 Juni 2023 - 02:35 WIB

PAC Ansor Kedung Gelar Silaturahmi dan Konsolidasi ke Ranting

10 Juni 2023 - 05:06 WIB

Begini Cara Muhammad Ali Memuliakan Nama Rasulullah SAW

24 April 2023 - 15:14 WIB

Khutbah Idul Fitri 1444 H: Jangan Sampai Amal Kita Sia-sia

20 April 2023 - 20:15 WIB

KHUTBAH IDHUL FITRI 2023

20 April 2023 - 13:05 WIB

Khutbah IdulFitri2023 (freepikcom-sketchepedia)

Pentingnya Memilih Pemimpin yang Amanah

4 November 2022 - 00:14 WIB

Trending di Kabar