Menu

Mode Gelap
Ngaji Burdah Syarah Mbah Sholeh Darat (25) NU Peduli Bersama Kemenag Jepara Salurkan Bantuan Bagi Warga Dorang Belajar Dari Geomorfologi “Banjir” Eks Selat Muria, Mau Diapakan? Mbah Dimyathi: Jadi Wali Itu Mudah, Ngaji Lebih Sulit!! Ngaji Burdah syarah Mbah Sholeh Darat  ( 2 )

Khutbah · 28 Jul 2020 11:08 WIB ·

Khutbah Idul Adha 1441 H : Hakekat Berkorban di Masa Pandemi (Bahasa Jawa)


 Khutbah Idul Adha 1441 H : Hakekat Berkorban di Masa Pandemi (Bahasa Jawa) Perbesar

“HAKEKAT BERKORBAN DI MASA PANDEMI”

Oleh: Muhammad Makmun Abha, S.Th.I., M.Hum.

Pengurus Lembaga Dakwah PCNU Jepara, Dosen UIN Walisongo Semarang

Download Naskah Khutbah ini dalam Bentuk Buku Klik disini

الخطبة الأولى

اَللهُ أَكْبَرُ (x9)، اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ.

الْحَمْدُ للهِ صَاحِبِ الْأَوْقَاتِ وَالضُّحٰى، وَرَبِّ الْمَشَارِقِ وَالْمَغَارِبِ وَأُمِّ الْقُرٰى، وَخَالِقِ الْأَرْضِ وَالسَّمَاوَاتِ الْعُلٰى فَلَهُ مَا فِيْهِمَا وَمَا بَيْنَهُمَا وَمَا تَحْتَ الثَّــرٰى، وَفَالِقِ الْحَبِّ وَالنَّوٰى فَأَسْعَدَ فِي اْلآَخِرَةِ مَنْ بـِثَمْرَتِهِمَا يَتَـزَكّٰى، وَجَاعِلِ الْبَهَائِمِ وَالْأَنْعَامِ فَوَعَدَ الْأَجْرَ لِمَنْ إِيَّاهَا ضَحّٰى، وَنَشْهَدُ أَنْ لآ إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الَّذِيْ عَلَى الْعَرْشِ اسْتَوٰى، وَنَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ بِالْآيَاتِ لِأُولِي النُّهٰى، وَنُصَلِّي وَنُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِنِ الْمُخْتَارِ وَالْمُسْتَمِعِ لِمَا يُوْحٰى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأُمَّتِهِ الَّذِيْنَ إِذَا تُتْلَى عَلَيْهِمْ آيَاتُ الرَّحْمٰنِ خَرُّوْا سُجَّدًا وَبُكِيًّا، أَمَّا بَعْدُ:

فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ فِي اللَّـيْلِ إِذَا سَجٰى وَفِي النَّهَارِ إِذَا تَجَلّٰى، وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ قاَلَ في آيَاتِهِ الْكُبْرٰى (إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ، فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ، إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَرُ).

Sidang Jamaah sholat Idul Adha ingkang minulyo,

Miwiti khotbah singkat wonten enjang puniko kito dipun emutaken deneng Gusti Allah supadoso kito tansah aningkataken kualitas iman soho taqwo kito wonten ngarsanipun Allah SWT. sahinggo kito kalebet golonganipun tiang engkang bejo dunyo soho akheratipun. Lan monggo kito tansah taqarrub (meparek) dateng Allah SWT ugi ndepe-ndepe soho dongo mugi-mugio Allah enggal mungkasi cobo agung ingkang dipun raosaken sedoyo penduduk bumi arupi COVID-19 puniko, sehinggo kito saget nglampahi aktivitas lan ibadah kanti gampil tebih sangking su’udzdzan kalian sepodo-podo, Amin Allahumma Amin.

Riyoyo haji tahun meniko pemerintah Indonesia ugi pemeintah Arab Saudi mboten ngijini penyelenggaraan Ibadah Haji kados biasanipun lantaran kagem nyegah penyebaran COVID-19, meniko nedahaken bileh Allah SWT mboten butuh disembah, mboten butuh kalian makhluk, ananging makhluk lah ingkang betahaken Allah SWT. pramilo monggo saestu sami meparek kalian gusti Allah kanti amal saleh, kanti shodaqah ugi kanti qurban.

Allahu Akbar (3x)

Jamaah ingkang munulyo

Salah setunggalipun ibadah agung ingkang dipun-syari’ataken wonten ing riyoyo haji inggih puniko korban, sehinggo riyoyo haji puniko kasebat kaliyan idul adlha utowo idul udlhiyyah utowo idul qurban.

Menggah sejarah, Ibadah korban puniko kawilang jenis ibadah ingkang paling sepuh, dipun milai sangking kisah putro kalehipun Nabi Adam lan dipun jangkepi kaliyan kisah Nabi Ibrahim.

Kacerios wonten al-Qur’an bileh putro kekalehipun Nabi Adam, Qabil lan Habil, sami berkorban kanti masarahken hasil sangkeng makaryonipun, lajeng wonten setunggal engkang dipun tampi inggih puniko kurbanipun Habil arupi mendo ingkang sahe tur ikhlas, lan setunggalipun katolak inggih puniko korbanipun Qabil arupi hasil pertanianipun ingkang awon utawi gabok tur mboten ikhlas. Ternyata Gusti Allah mboten nampi barang-barang ingkang dipun kurbanaken, ananging gusti Allah namung nampi keikhlasan, kesucian, soho takwanipun tiang ingkang korban. Cerois puniko kasebat wonten ing surat al-Maidah ayat 27:

وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَأَ ابْنَيْ آٰدَمَ بِالْحَقِّ، إِذْ قَرَّبَا قُرْبَانًا فَتُقُبِّلَ مِنْ أَحَدِهِمَا وَلَمْ يُتَقَبَّلْ مِنَ الْآٰخَرِ، قَالَ لَأَقْتُلَنَّكَ، قَالَ إِنَّمَا يَتَقَبَّلُ اللَّهُ مِنَ الْمُتَّقِينَ

Artosipun: Ceritakno hai Muhammad mareng kaummu kisah putero kekalihipun Nabi Adam (Habil dan Qabil) kanti sak benere, nalikane putero kekalih wau sami qurban, nuli ditompo saking salah sijine putero kekalih wau (Habil) lan ora ditompo saking liane (Qabil). Nuli Qabil ngucap: “Aku arep mateni awakmu”. Nanging Habil nyusuli: “Angeng pestine Allah namung nampi saking wong-wong kang podo taqwa”.

Lajeng kacerios maleh wonten Al-Qur’an bileh Nabi Ibrahim korban kanti nyembeleh putronipun ingkang asmo Isma’il. Korban kanti nyembeleh putro puniko kawilang korban ingkang paling agung, utawi puncak pengorbanan soho puncak kepatuhan seorang hamba pada Tuhannya. Sebab Nabi Ibrahim puniko Nabi ingkang kecukupan ananging diuji deneng Allah dereng gadai putro ngantos yuswo sepuh, artosipun, rikolo Nabi Ibrahim ingkang sampun sepuh lajeng dianugerahi deneng Allah arupi putro, putro puniko dados bondo ingkang boten saget kawilang ajikertonipun, nanging senahoso mekaten, rikolo Gusti Allah perintah supados putro puniko dipun sembelih, Nabi Ibrahim tetep sendiko dawuh nglampahi perintah kanti boten mamang, boten ngenyang lan mboten nyuwun gantos perintah sanesipun.

Boten namung mekaten, malahan ingkang putro, arupi Isma’il puniko langkung hebat maleh, boten mamang, mboten wedi, malah nyuwun enggal-enggal dipun sembelih kalian romonipun. Singkat cerita, berkah ikhlas lan sabaripun Nabi Ibrohim soho puntronipun Isma’il puniko, Gusti Allah gantos Isma’il kalian mendo ageng sangkeng suargo, inggih puniko mendo engkang dipun korbanaken (sedekahaken) Habil putranipun Nabi Adam. Cerois puniko kasebat wonten ing surat Ash-Shaffat ayat 102-107:

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَـيَّ إِنِّـــيْ أَرٰى فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبـَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرٰى قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنـِـيْ إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ، فَلَمَّا أَسْلَمَا وَتَلَّهُ لِلْجَبِينِ، وَنَادَيْنَاهُ أَنْ يَا إِبْرَاهِيمُ، قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيٰا إِنَّا كَذَٰلِكَ نَـجْزِي الْمُحْسِنِينَ، إِنَّ هٰذَا لَـهُــوَ الْبَلَآءُ الْمُبِينُ، وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ.

Allahu Akbar (3x)

Jamaah Ingkang minulyo,

Sakeng cerios-cerios kasebat, dados gamblang bileh syari’at korban kanti nyembeleh kewan tertentu wonten ing dino 10 Dzul Hijjah lan Dino Tasyriq puniko mboten sanes kejawi namung sarana utawi lantaran kagem peparek lan mendekatkan diri pada Allah SWT.

Saking meniko dados pertelo bileh ingkang dipun tampi deneng gusti Alloh puniko boten dagingipun utawi getih kurbanipun, ananging ketulusan hatinipun tiang ingkang korban. Pramilo mbok menawi wonten tiang ingkang mampunipun namung korban mendo nanging kanti ikhlas, lan wonten tiang sanes ingkang mampu saget korban kebo utowo sapi engkang ageng nanging mboten ikhlas, puniko kemungkinan besar ingkang dipun tampi inggih puniko kurban mendo, keranten Allah mboten namung ningali ageng lan aletipun kewan ananging ningali kados pundi ikhlase manahipun kawulone. Menikolah inti dawuhipun Gusti Allah dawuh wonten surat al-Hajj ayat 37:

لَنْ يَنَالَ اللّٰهَ لُـحُومُهَا وَلَادِمَاؤُهَا وَلٰكِن يَنَالُهُ التَّقْوَىٰ مِنكُمْ،كَذٰلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللهَ عَلَىٰ مَا هَدَاكُمْ، وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِينَ

Artosipun: daging-daging lan getih-getihe (unto-unto) iku ora pisan-pisan iso merkolehake ridlone Allah, nanging seng iso merkolehake ridlone Allah yoiku takwane siro kabaeh, koyo mengkene iki lah Allah nundu’ake unto-unto kui kanggo siro kabeh, supoyo siro kabeh podo ngagungake Allah kanggo nyukuri hidayahipun Allah, lan aweho kabar gembiro siro hai Muhammad mareng wong-wong kang gawe keapikan/bagus.

Allahu Akbar (3x)

Jamaah ingkang minulyo,

Hakikat berkorban puniko sami kalian hakikotipun berjuang. Tiang engkang gadahi mental berkorban lan berjuang puniko mestinipun boten bade mandek sakderenge hasil maksudipun utawi sakderenge kapitale utowo modale telas.

Rumien rikolo takseh berjuang melawan Londo (Belanda), semboyanipun para pejuang inggih puniko “merdeka atau mati”, semanten ugi tiang ingkang berkorban, keranten korban utowo perjuangan puniko panggilan hati yang terdalam, sehinggo mboten prayugi namung setengah-setengah, utowo kanti tujuan supadoso angsal pangalembono lan balasan sangkeng tiang sanes. Keranten ingkang dipun nilai sangking korban mboten sanes kejawi namung ketulusan lan keikhlasanipun.

Tiang ingkang tambah katah anggenipun berkorban puniko ateges soyo luhur akhlak lan manahipun, sakwangsule, tiang ingkang soyo kedik anggenipun berkorban utowo malah mboten purun kurban berarti soyo sudo utowo ilang akhlakipun. Mbok menawi akhlak puniko sampun sirno tentunipun saget ngruntuhaken masyarakat, negoro lan bongso. Menikolah nilai-nilai mendasar ingkah kedah dipun angen-angen sedoyo tiang mukmin wonten in riyoyo kurban.

Sak lajengipun, magepo’an kalian korban, kito mboten prayugi gadahi pemahaman bileh peparek dateng gusti Allah ingkang sampurno puniko namung jalaran nyembeleh kewan sarasan, keranten takseh katah sarana sanesipun kagem peparek dumateng Allah, artosipun mbok bileh umpami terjadi bencana utowo pandemi global kados COVID-19 meniko ingkang ngakibtake katah poro pekerja ingkang dipun PHK, katah petani lan pedagang ingkang sami menurun hasilipun, ugi sanes-sanesipun puniko spirit berkorban alias spirit berbagi kalian sesami manungso langkung prayugi dipun lampahi kagem mendektka diri dumateng Allah.

Tahun meniko wonten larangan berangkat Ibadah Haji, meniko ugi nedahaken bileh spirit utawi semangat Ibadah haji ugi kedah dipun lampahi wonten daerahipun piyambak-piyambak, kados misale thowaf muteri Ka’bah (thawaf) ingkang boten saget dipun lampahi tahun meniko kedah dipun praktikaken wonten daerahipun piyambak-piyambk kanti ngubengi utowo muteri omah-omhae anak-anak yatim, wong-wong miskin lan sak panunggalanipun kagem maringi bantuan kebutuhanipun langkung-langkung bantuan urusan pendidikan, urusan ngaos lan urusan golek ilmu.  Keranten sedoyo sarono kagem peparek dumateng Allah puniko secara substansi utowo hakikatipun saget kawilang korban, yoiku qurban utawi taqarrub ilallah, meparek mareng Allah, senaohoso menggah fikih mboten diwastani nyembelih korban.

Allahu Akbar (3x)

Jamaah Ingkang minulyo,

Terakhir, monggo samiho mangertosi bileh Imam Al-Ghazali nate ngendiko bileh nyembeleh kewan korban puniko setunggalipun simbol utawi tetenger sangkeng nyembeleh utowo ngilangake sifat-sifat kewan ingkang nempel wonten ing manah kito, kadoso rakus, serakah lan pengen menang dewe.

Pramilo intinipun kurban inggih puniko ngilangaken howo nefsu kewan ingkang saget ngrusak kualitas iman soho takwo kulo panjengan sami. Kanti nyembeleh nafsu mugi-mugio kito sedoyo saget bermartabat mulyo, tebih sangking sifat hasud, curang, goroh lan lintu-lintunipun sifat awon. Sehinggo kito sak mangke kalebet golongan tiang-tiang ingkang parek dumateng Allah, Amin Allahumma amin,

أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ. (وَالْبُدْنَ جَعَلْنَاهَا لَكُم مِّن شَعَآئِرِ اللَّهِ لَكُمْ فِيهَا خَيْرٌ، فَاذْكُرُوا اسْمَ اللَّهِ عَلَيْهَا صَوَآفَّ، فَإِذَا وَجَبَتْ جُنُوبُهَا فَكُلُوا مِنْهَا وَأَطْعِمُوا الْقَانِعَ وَالْمُعْتَرَّ، كَذَٰلِكَ سَخَّرْنَاهَا لَكُمْ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ).

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالْبَيَانِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

الخطبة الثانية

اَللهُ أَكْبَرُ (x7)، اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ.

اَلْحَمْدُ للهِ الْعَلِيِّ الْغَفَّارِ، وَنَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلٰهَ إِلاَّ اللهُ الْكَرِيْمُ السَّتَّارُ، وَنَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحّمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَشْرَفُ الْخَلَائِقِ وَالْبَشَرِ، وَنُصَلِّيْ وَنُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُـحَمَّدٍ صَاحِبِ الْـحَوْضِ وَالْكَوْثَرِ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ السَّالِمِيْنَ مِنْ عَذَابِ النَّارِ. أَمَّا بَعْدُ:

فَيَا أَيُّهَا الْأَبْرَارُ، اِتَّقُوْا اللهَ فِي اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ صَلّٰى عَلَى أَفْضَلِ مَنْ صَلّٰى وَزَكّٰى وَصَامَ وَحَجَّ وَاعْتَمَرَ، فَقَالَ تَعَالَى وَأَمَرَ: “إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىِّ، يآاَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا”.

اللَّٰهُمَّ فَصَلِّ عَلَى نُوْرِ الَأَنْوَارِ، وَسِرِّ الْأَسْرَارِ، وَتِرْيَاقِ الْأَغْيَارِ، وَمِفْتَاحِ بَابِ الْيَسَارِ، سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ الْمُخْتَارِ، وَعَلَى آلِهِ الْأَطْهَارِ، وَأَصْحَابِهِ الْأَخْيَارِ، وَعَلَيْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَارَحِيْمُ يَا غَفَّارُ؛

اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الْأَحْيٰآءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ إِنَّكَ أَنْتَ الْغَفُوْرُ السَّتَّارُ، اللّٰهُمَّ احْفَظِ الْـحُجَّاجَ مِنْ كُلِّ مَكْرُوهٍ وَسُوءٍ وَضَرَرٍ، اللّٰهُمَّ أَعِدْهُمْ إِلَى مَا يَنْتَسِبُوْنَ إِلَيْهِ مِنَ الْأَهْلِ وَالدِّيَارِ؛ اللّٰهُمَّ اجْعَلْ حَجَّهُمْ حَجًّا مَبْرُوْراً وَسَعْيَهُمْ سَعْيًا مَشْكُوْرًا وَذَنْبَهُمْ ذَنْبًا مَغْفُوْرًا وَتِجَارَتَـهُمْ تِـجَارَةً لَنْ تَبُوْرَ؛ اللّٰهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صَالِحَ العَمَلِ وَمَا نَذْبَحُ وَنَنْحَرُ، وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ، وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ؛ اللّٰهُمَّ احْمِ بَلَدَنَا إِنْدُوْنِيْسِيَا وَسَائِرَ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنَ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ، مَا بَطَنَ مِنْهَا وَمَا ظَهَرَ؛ رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتٰآءِ ذِي اْلقُرْبٰى وَيَنْهٰى عَنِ اْلفَحْشٰآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

Artikel ini telah dibaca 319 kali

badge-check

Penulis

Baca Lainnya

Khutbah Idul Fitri 1444 H: Jangan Sampai Amal Kita Sia-sia

20 April 2023 - 20:15 WIB

KHUTBAH IDHUL FITRI 2023

20 April 2023 - 13:05 WIB

Khutbah IdulFitri2023 (freepikcom-sketchepedia)

Pentingnya Memilih Pemimpin yang Amanah

4 November 2022 - 00:14 WIB

Khutbah Jum’at – Persiapan Menyambut Ramadhan

9 April 2021 - 13:24 WIB

Khutbah Jum’at – Bagaimana Menyikapi Musibah?

10 Februari 2021 - 14:06 WIB

Khutbah Idul Fitri 1441 H : Keshalihan Ukhrowi Langkung Wigati (Bahasa Jawa)

23 Mei 2020 - 11:37 WIB

Trending di Khutbah